Mengupas tentang dunia spiritual dan lelaku didalamnya, sebagai warisan dari para leluhur. Tentang : tenaga dalam, daya prana, metafisika, penyembuhan dan Mbabar jiwa ma'rifat jati

Mengenal Beberapa Sifat Didalam Diri Manusia

(Maaf, kami bahas dalam bahasa jawa). Ono sawijining piwulang kang nerangake ing babagan sifat lan lakuning manungso, utowo kasebut sifat 30 ing badane manusa, yoiku :

Alif : Grana, Ba : netra, Ta : delujuran tingal loro, Tsa : bau tengen, Jim : bau kiwa, Ha : tangan tengen, Kha : tangan kiwa, Da’ : ugel-ugel tangan karo, Dzal : Kepala rambut, Ra : iga tengen, Zai : iga kiwa, Sin : susu tengen, Syin : susu kiwa, Tsad : bokong tengen, Dlad : bokong kiwa, Tha : ati, Da’ : untu, Ain : pupu tengen, Ghain : pupu kiwa, Fa : wentis tengen, Kaf : wentis kiwa, Kof : kulit, Lam : daging, Mim : utek, Num : cahya, Wau : dalam akan karo, Ha : sumsum, Lam alif : badan manusa, amzah, ngabakake kabeh, ya : cangkem ya manusa.

Sayektine sifat 20 jaba jero :

Urip jaba kang nguripi jero, pangucap jaba kang pangucap jero, pangambu jaba kang ngambu jero, ngrasa jaba kang rumasa jero, kerasa jaba kang kerasa jero polah jaba, kang molah jero, pangrungu jobo kang ngrungu jero, karsa jaba, kang kersa jero, paningal jaba kang ningali jero, pandulu jaba kang ndulu jero.

Dadi sifat 8 : dununge : tingal, Sabar, sareh, jinem, sumeh, eling, eneng, ening, langgeng.
Dadi sifat 4 : Sir, Budi, Cipta, Akal.
Dadi sifat 2 : Angen-angen, pangangen-angen.


Babagan sifat, kaserat ing boso jawa.

0 Response to "Mengenal Beberapa Sifat Didalam Diri Manusia"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel